Rabu, 13 Oktober 2010

CONTOH SERTIFIKAT LSBS


SURAT TANDA TAMAT PENDIDIKAN DAN LATIHAN (STTPL)

Nomor :

Jumat, 01 Oktober 2010

LEMBAR OBSERVASI

LEMBAR OBSERVASI

Catatan : - Fokus pengamatan adalah terhadap aktifitas belajar siswa (bukan gurunya).

- Observer boleh mengembangkan sendiri lembar observasi ini.

- Agar mendapat data yang baik amatilah pembelajaran secara intensif.

- Data pengamatan ini disampaikan pada saat diskusi pada sesi refleksi.

1. Bagaimana proses belajar siswa?

2. Adakah siswa yang tidak belajar, mengapa dia tidak belajar?

3. Bagaimana upaya guru terhadap siswa yang tidak belajar? Apakah berhasil?

LEMBAR OBSERVASI

Catatan : - Fokus pengamatan adalah terhadap aktifitas belajar siswa (bukan gurunya).

- Observer boleh mengembangkan sendiri lembar observasi ini.

- Agar mendapat data yang baik amatilah pembelajaran secara intensif.

- Data pengamatan ini disampaikan pada saat diskusi pada sesi refleksi.

1. Bagaimana interaksi yang terjadi antara siswa dengan siswa ?

2. Bagaimana intaraksi yang terjadi antara siswa dengan guru?

3. Bagaimana eksplorasi siswa terhadap materi ajar?

4. Apa manfaat dari pembelajaran kali ini bagi kita?

Minggu, 19 September 2010

IDUL FITRI

Allahu akbar,allahu akbar laa ilaha ilallahu allahu akbar, allahu akbar wa lillahi al-hamdu.

Jama’ah “id al-fitri ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT.

Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken ngunjukaken raos syukur kita dhumateng ngarsaning gusti Allah ingkang Maha Agung, inggih awit ing enjang punika Allah sampun ngrumentahaken rahmat lan nikmat ingkang mboten kinten agengipun.

Mliginipun nikmat ingkang arupi kesarasan sarta kabagaswarasan, lahir lan batin. Kacihna ing enjang punika ing sa ngajeng kula menika mboten wonten ingkang mrengut ketinggal sedih lan susah. Wajah-wajah samya cerah. Menapa malih bocah-bocah, cahyane padha sumringah, amarga atine bungah, sebab sedhela maneh padha sowan pakde budhe lan simbah, muga-muga diparingi pitrah, sing kathah lan barokah.

Sedaya sami gumbira lan suka pari suka. Gumbiraning manah kita sedaya mertandani wontenipun kemenangan religius ing diri pribadi, sahingga kita sedaya ing wekdal punika wonten salebeting suasana ingkang kebak raos kamanungsan lan ampunan. Kados mekaten awit kita sami patuh dhateng dhawuhipun Allah wonten ing QS 3: 133 “wa saari’uu ilaa maghfiratin min rabbikum wa jannatin ‘ardhuhas samawati wa al-ardhu, u’idat li al-muttaqiin (lan padha cepet-cepeta ngupaya ampunaning Gusti Allah, lan suwarga kang jembare kaya langit lan bumi, disediaake kanggo wong kang taqwa.

Aidin wa al-aidat rahimakumullah,

Mila mboten aneh, ing dinten punika kita dados pribadi ingkang prima, jiwa kita wangsul dados resik malih, dados suci malih. Ing manah kita mboten wonten raos gething keburu sengit dhateng tiyang sanes. Raos cubriya lan dhendham, iri, dhengki, kikir, bakhil lan sanes-sanesipun sirna saking jiwa kita sedaya. Ingkang wonten namung watak loma blaba saha kebak pangapura.

Allahu akbar, allahu akbar wa lillahi al-hamdu.

Enjang menika mugi-mugi kita sedaya saestu ngraya’aken setunggalipun kemenangan sasampunipun kita perang lumawan nafsu ingkang wonten diri kita piyambak-piyambak (jihad al-nafs) wangsul dados jiwa ingkang suci. Pramila wonten ing riyaya idul fitri menika kita sami-sami ngaturaken ja’alana Allahu minal-aidin wa al-faaizin wal al-maqbulin (mugi-mugi Allah ndadosaken kita wangsul dhateng fitrah kita lan mimpang lumawan dosa kita piyambak, sarta nampi amal ibadah kita). Kita ugi saged ngaturaken taqabalallahu minna wa minkum (mugi-mugi Allah nampi amal ibadh kula lan penjenengan).

Istilah Idul Fitri ugi saking tembung ‘Id lan Al-Fithr. Miturut ahli bahasa istilah “‘id” asal muasalipun saking tembung ‘awdah’ utawi ‘awdat-un, ugi ‘adah’ utawi ‘adat-un’ sami kalian isti’adah utawi isti’adat-un. Artosipun sami kemawon “wangsul utawi mbaleni”. Menika ugi sami kaliyan tembung adat istiadat ingkang tegesipun sedaya hal ingkang dipun wongsal-wangsuli lan dipun ajab sagedo lestari dados kebiasaan.

Wondene al-fithr sami kaliyan fitrah tegesipun asal muasal ingkang suci. Ugi saged dipun westani asal aslinipun ingkang suci. Ing mriki jelas bilih manungsa menika sejatosipun suci senajan minangka makhluk manungsa menika anggadhahi sifat lemah, lan asring tumindak salah. Pramila kanthi amalan-amalan ing salebeting agami, manungsa berusaha kangge wangsul dhateng aslinipun ingkang suci.

Awit saking punika gusti Allah ndhawuhaken ing Al Qur’an : “fa aqim wajhaka lid diini hanifan, fithratallahil-latii fatharan naasa ‘alaiha’ laa tabdiila li khalqillahi, dzalikad diinul qayimu, wa laakinna aktsaran-nasi laa ya’lamuun. Mula padha madhepa sing bener-bener marang agama, miturut fitrahe gusti Allah, kanthi fitrah iku manungsa diciptaake, ora ana owah-owahan mungguhe ciptaane gusti Allah, yaiku agama sing baku, nanging akeh-akehe manungsa padha ra ngerteni. (QS Ar Rum: 30).

Supados kita saged idul fitri utawi wangsul dhateng asal muasal ingkang suci kita kedah nindakaken pensucian diri nglangkungi proses pembakaran jiwa. Inggih menika kanthi nglampahi shiam (pasa) ing wulan ramadhan. Kanggenipun umat Islam ibadah menika dipun wajibaken dening Allah kados ingkang kacetha ing Qur’an “ Yaa ayyuhalladzina aamanu kutiba ‘alaikumush shiamu kamaa kutiba alaladzina min qablikum la’alakum tattaquun”, ingkang tegesipun: he wong-wong kang padha iman, diwajibake marang sira kabeh pasa kaya dene wus diwajibake marang wong wong sadurungira, supaya sira padha taqwa.”(QS 2:183)

Salebetipun nindakaken shiam ing wanci siang kita nyegah dahar, ngunjuk lan saresmi. Wondene ing wanci dalu kita nindakaken qiyamu ramadhan ingkang arupi shalat tarawih saha tadarus. Nanging kanjeng Nabi Muhammad SAW ugi paring dhawuh: “man shama ramadhana imanan wahtisaban ghufirallahu mataqodama min danbihi”, sing sapa nindaake shiam ramadhan kanthi adhedhasar iman lan kebak mawas diri mula gusti Allah bakal ngapura kabeh dosane.

Kanthi dasar menika, pasa ingkang kita tindakaken mboten namung jumbuh kaliyan syari’at, nyegah dahar, ngunjuk lan saresmi kemawon, nanging ugi kedah nyegah dateng saliring tumindak dosa. Menawi kita sedaya mboten saged njagi saking tumnindak dosa kala wau, mila pasa kita mangke namun pikantuk ngelak kalian luwe.

Menapa ta kriterianipun tumindak ingkang kalebet dosa? Sawijining dinten rasulullah dipun takeni dening sahabat, “duh rasulullah, menapa ingkang dipun sebat dosa? Wangsulanipun rasulullah “dosa iku apa kang ana ing atimu lan sira ora gelem yen wong liya ngawunigani”.

Aidin wal al-aidat rahimkumullah,

Wangsulanipun rasulullah menika ngandhung konsep ingkang fundamental. Saged dipun tinjau secara filosofi menapa denesaking kawruh ilmu psikologi (kejiwaan). Jelasipun mekaten. Menawi kita mboten remen utawi isin menawi tumindak kita dipun uningani tyang sanes, ing mriki berarti tumindak menika sulaya kalian ati sanubari kita piyambak. Kados ngaten menika kalebet tumindak dosa. Tumindak kados mekaten anjalari sangsaraning batin ingkang mbekto manungso dhateng gesang ingkang mboten bahagia. Awit saking punika kangge menapa kita nindakaken shiam, nanging mboten saged nyegah tumindak dosa. Kamangka tujuanipun shiam kange nggayuh derajat taqwa ingkang mbekto kabagyan ndonya akherat.

Jama’ah “id al-fitri ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT.

Wonten ing tlatah nusantara, shiam ugi dipun sebat pasa utawi puasa. Tembung menika asal muasalipun saking tembung “upawasa” ingkang artosipun “nyedhak dhumateng ngarsanipun pangeran”. Dipun yakini tiyang ingkang caket dhumateng pangeran sedaya kekajenganipun badhe kaleksanan awit dipun ijabah dening pangeran.

Jumbuh kalian perkawis menika, ing ajaran islam, salebetipun ndhawuhaken shiam gusti Allah ugi paring janji ingkang kacetha ing Al Qur’an 2:186 “wa idza sa alaka ’ibadii ‘anii fa inni qarribun, ujiibu da’wata ad-da’i idza da’ani, falyastajiibuu lii wal yu’minuunii la’alahum yarsyuduun”. Artosipun kirang langkung mekaten “lan menawa ana titah Ingsun kang takon marang dumunung Ingsun, mula Ingsun iku cedak banget marang sira kabeh, Ingsun ngabulake panyuwune saben wong kang ndonga marang Ingsun, mula padha tindakna prentah Ingsun, percoyoa marang Ingsun, supaya sira ono ing dalan kang bener.

Aidin wa al-aidat rahimakumullah,

Kangge mlampah nyaket, andhedheple dhateng ngarsaning Allah, saha ngarep pitulunganipun Allah, wonten ing wulan ramadhan menika agami Islam maringi tuntunan dhateng mawarni-warni lelaku ibadah inggih menika nyegah sedaya nafsu lan ngathah-athahaken tumindak kesaenan. Ugi amal ibadah ingkang nuntun kita sedaya dhateng laku mawas diri utawi muhasabah.

Wondene sedaya amalan pasa kala wau mangkenipun kangge nggembleng diri kita dhateng nilai kesabaran. Awit tiyang ingkang sabar (ashobirin) dados tiang ingkang caket kalian Allah. Dipun ngendikaaken wonten ing QS 2:153 “yaa ayyuhalladziina aamanuusta’inuu bishabri wa shalah, innallaaha ma’ash shabiriin”. He wong kang padha iman nyuwuna tulung kanthi sabar lan shalat, satemene Allah bareng lan wong kang sabar.

Allahu akbar Allahu akbar wa lillahi al- hamdu.

Ibnu Katsir wonten ing kitab tafsiripun mratelaaken ingkang dipun maksud sabar ing mriki inggih menika nindakaken shiam. Mila saking punika wulan ramadhan ugi dipun sebat “wulan sabar”. Malah kanjeng rasulullah nate paring dhawuh “ashiamu nisfu shabri”, pasa iku separone kesabaran.

Kanthi pangertosan mekaten sabar namung saged dipun alami dening tiyang ingkang khusyu’ manahipun. Kados dene ngendikanipun Allah wonten ing QS 2:45 “wasta’inu bishabri washalah, wa innaha lakabiiratun illa ‘ala al-khasyi’in”. Nyuwuna tulung (marang Allah) kanthi sabar lan shalat, iki pancen abot, kejaba kanggone wong sing khusyu’.

Jama’ah “id al-fitri ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT.

Wonten aspek sanesipun Abdullah Yusuf Ali wonten ing kitab tafsiripun ugi ngaturaken 4 pengertosan sabar. Sepisan, sabar tegesipun mboten kesesa, grusa-grusu. Kalih, sabar tegesipun tekun, teguh, tabah, lan kiat kakarepanipun. Tiga, sabar tegesipun sistematik, teliti, teratur, lan terarah. Sekawan, sabar tegesipun sikap gumbira saklebateing pasrah lan nampi pacoban kanthi tetep mbudidaya.

Wondene tafsiripun Syekh Al Maraghi ngaturaken bilih hakekatipun sabar inggih menika eling dhateng janjinipun Allah ingkang badhe paring ganjaran dhateng sinten kemawon ingkang sabar lan nahan diri saking hawa nafsu ingkang dipun haramaken Allah. Ugi kersa ngamalaken sedaya ketaatan dhumateng Allah sanajan karaos awrat menggah dirinipun.

Kanthi punika Allah badhe maringaken ganjaran ingkang mboten kinten agengipun dhateng tiyang ingkang sabar, kados kacetha ing Qur’an “..innama yuwaffash shabiruna ajrahum bi ghairi hisab”. Satemene ya mung wong kang sabar kang dicukupake piwales kang tanpa ana watese.(QS Azzumar:10)

Saibo bejanipun menawi kita kalebet tiyang-tiyang ingkang sabar kalawau. Sebab dados tiyang sabar utami sanget menggahing gesang bebrayan, menapa dene menggahing gusti Allah.

Allahu akbar, Allahu akbar wa lillahi al-hamdu.

Jama’ah “id al-fitri ingkang dipun mulyaaken dening Allah.

Gemblengan amalan-amalan ramadhan insyaallah mbekta diri kita wangsul dhateng asal muasal ingkang suci. Salejengipun enjang punika kita sami nindakaken shalat Idul Firi ingkang dipun anjuraken dipun tindakaken wonten ing tanah lapang terbuka. Tanah lapang terbuka saged dipun pahami minangka pralambang. Sasampunipun kita wangsul dhateng kesucian kita dados manungsa ingkang lapang terbuka utawi jembar sumeblak ing prekawis menapa kemawon. Jembar jiwanipun, jembar atinipun, lan jembar pikiranipun.

Jembar jiwanipun tegesipun dados tiyang ingkang perwira. Jembar atine inggih punika sugih pangapura. Wondene jembar pikirane inggih punika sugih kawruh lan nalar ingkang dawa.

Wonten ing aspek keagamaan, tanah lapang ugi saged dipun maknai minangka piwucal dhateng umat Islam supados ngembangaken sikap keagamaan yang lapang lan terbuka, sarta nebihi sikap keagamaan ingkang sempit, sektarian, fanatik, intoleran, ingkang mbelenggu dhateng jiwa. Setunggaling hadits ingkang asring dipun kutip dening para cendekiawan muslim nyebataken “sabecik-becike agama mungguhing Allah yaiku al-hanafiyat al-samhah. Tembungipun sanes inggih menika semangat kebenaran dan kebaikan yang lapang dan terbuka. Al-hanafiyat al-samhah ugi mujudake pancaran saking jiwanipun manungsa ingkang fitri, ingkang resik lan suci.

Para ahli sejarah sampun nguningaaken bilih daulah Islamiyah ingkang dipun rintis dening para sahabat nabi nate nggayuh ing puncak kejayaan laminipun limang abad. Kejayaan daulah islamiyah menika jebulipun justru dipun sebabaken dening sifatipun agami Islam ingkang terbuka. Islam tampil sebagai agami ingkang mboten fanatik lan sektarian. Islam mboten kados agami yahudi ingkang nerapaken hukumipun secara kaku, nanging Islam ugi mboten kados agami nasrani ingkang sarwa permisif lan longgar dhateng umatipun.

Islam nerapaken syari’atipun kanthi landhesan bi al-hikmah sarta prinsip al-hanafiyah al-samhah. Kados ing saben papan Islam ngrasuk wonten ing adat istiadat masyarakat kanthi aman lan damai. Gusti Allah sampun paring dhawuh “inna arsalnaka illa rahmatan li al-alamiin, satemene ora Ingsun utus sira (Muhammad) kejaba kanggo rahmat mungguhing alam saisine. Dados wontenipun umat Islam ing pundi papan kedah nuwuhaken raos tentrem lan damai dhteng sedaya masyarakat tanpa mbeda-mbedaaken menapa aliran pemahaman lan keyakinanipun. Mboten sawangsulipun malah ndamel resah lan was-was dhateng masyarakat.

Suasana idul fitri menika minangka prototype utawi conto menggahing suasana masyarakat ingkang ayem tentrem dumasar nilai-nilai agami ingkang suci. Pramila wonten ing suasana idil fitri menika, kesadaran beragama ingkang dumasar semangat kebenaran ingkang lapang lan terbuka kados dinten menika penting sanget kita kembangaken. Mboten namung ing Riyaya Idul Fitri, ananging inggih ing dinten-dinten salajengipun. Kanthi Islam ingkang mekaten badhe maringi keleluasaan dhateng kita sedaya kangge beramal semaksimal mungkin dhumateng masyarakat, kangge njamin kesejahteraan, kesarasan lan ketentremaning bebrayan agung.

Akhiripun sumangga kita sami memuji mugi-mugi gusti Allah tansah paring pitedah dhateng margi ingkang leres, margi ingkang dipun ridhai dening Allah, marginipun tiyang-yiyang ingkang pikantuk nikmat. Mugi-mugi Allah tansah paring ampunan dhateng kitasedaya, dhateng mu’minin lan mu’minat, dhateng muslimin lan muslimat.

Kamis, 15 Juli 2010

JADWAL LS IPA SEMESTER GANJIL 2010/2011

Kegiatan Lesson Study berbasis MGMP Kabupaten Sumedang untuk semester ganjil 2010/2011 ini dimulai kembali. Dinas Pendidikan Kabupaten Sumedang telah mengirim jadwal ke semua SMP/MTs-N/S. Untuk Wilayah E homebase SMPN 1 Paseh jadwal kegiatannya adalah sebagai berikut:

1. Sabtu, 24 Juli 2010, di SMPN 1 Paseh, kegiatan diskusi lesson plan dan LKS.
2. Sabtu, 28 Agustus 2010, kegiatan Implementasi ke-1 oleh Neli Rosmalawati, S.Pt. di SMPN 2 Paseh. Biologi dengan topik : Perkembangan Manusia.
3. Sabtu, 25 September 2010, kegiatan Implementasi ke-2 oleh Neli Rosmalawati, S.Pt. di SMPN 2 Paseh. Biologi dengan topik : Perkembangan Manusia.
4. Sabtu, 16 Oktober 2010, kegiatan Implementasi ke-1 oleh Ida Rohaeni, S.Pt. di MTs GUPPI Cileuksa. Kimia dengan topik : Bahan Kimia dalam makanan.
5. Sabtu, 23 Oktober 2010, kegiatan Implementasi ke-2 oleh Ida Rohaeni, S.Pt. di MTs Al Mubarok Hambawang. Kimia dengan topik : Bahan Kimia dalam makanan.
6. Sabtu, 13 Nopember 2010, kegiatan Implementasi ke-1 oleh Ade Yulianingsih, S.Pd. di MTs Asyrofudin Cipicung. Fisika dengan topik: Listrik Statis.
7. Sabtu, 27 Nopember 2010, kegiatan Implementasi ke-2 oleh Ade Yulianingsih, S.Pd. di MTs Asyrofudin Cipicung. Fisika dengan topik: Listrik Statis.

Selasa, 15 September 2009

MENGENANG YANUAR AHMAD

Saat dapat sms dari Rohadi tentang meninggalnya Yanuar Ahmad (semoga Allah merahmatinya) 10 Agustus lalu, hal yang sangat kuingat adalah konggres HMI di Surabaya Januari 1995. Kami datang dari Solo sebagai penggembira.
Suatu pagi Yanuar ngajak aku jalan-jalan. "To ayo mlaku-mlaku to". Daripada nggak jelas apa yang mesti dikerjakan di lkasi konggres, maka aku ikut saja. Yanuar orangnya selalu ceria di hadapan orang lain. Setelah keluar dari asrama haji Sukolilo, di mana konggres diselenggarakan, tiba-tiba dia ngajak ke Madura. "Nyang Madura piye to?",katanya. "Ayo toh",jawabku ragu-ragu. "Tenang we, tak bayari to wis". Rupanya dia tahu dengan problem kemiskinan yang ada padaku. Untuk muter-muter Surabaya mana punya ongkos aku.
Dia pun juga tahu bahwa sebenarnya aku saat itu lagi punya minat yang besar terhadap masyarakat madura yang resisten itu. Memang kok saat itu masyarakat Madura lagi hangat diperbincangkan oleh para aktivis mahasiswa dan beberapa NGO. Anekdot-anekdot tentang orang menjadi bernuasa politis menggambarkan betapa resistennya masyarakat Madura terhadap kekuasaan negara. Contohnya anekdot begini, suatu pagi pak lurah menyuruh penduduk ikut penataran P4 tapi penduduk pada nggak mau, setelah ditanya kenapa nggak mau ikut penataran P4. Jawabnya, "ikut penataran P3 saja ndak boleh apalagi penataran P4". Pak lurahpun bingung nggak bisa maksa. Yang ikut penataran juga waktu diajari nyanyi Satu Nusa Satu Bangsa disuruh ambil suara Sa....... tapi setelah masuk nyanyi bukannya satu nusa satu bangsa, melainkan Salatullah salamullah....
Akhirnya aku sama Yanuar nyebrang ke Madura pakai kapal Ferry. Sampai di kamal kami oper angkutan hingga di alun-alun Bangkalan. Kami jajan soto Madura. Yang jualan masih muda tapi pakaianya tradisional. Bawahnya sarung batik, atas kemeja, pakai kopyah hitam, terus pakai sandal slobokan merk lily. Yanuar tampak gembira sekali bisa ketemu langsung dengan orang Madura. tak henti-hentinya dia mencoba ngajak ngobrol si pedagang tersebut.
Setelah selesai makan soto kami memutuskan kembali ke lokasi konggres karena nggak mungkin waktunya. Ketika mau naik angkutan ke kamal, Yanuar tanya sama keneknya berapa ongkos ke kamal berdua. waktu itu dijawab Rp. 750,-. Tapi sesampainya di kamal keneknya minta Rp. 1500,-. "Lho tadi katanya 750?" ,tanya Yanuar. "seribu lima ratus mas", kata kenek tadi. Tanpa nanya lagi akhirnya dibayar juga 1500. Nggak mungkin debat sama orang madura. Aku jadi ingat anekdot orang madura naik becak di jogjakarta, "pak ke malioboro berapa?', tanya seorang ibu dari madura. "dua ribu, bu",jawab tukang becak. Ibu tersebut setuju saja dan langsung diantar. Sesampainya di malioboro ibu tersebut cuma mbayar seribu. Maka tukang becak itu marah-marah. "lho kok cuma seribu?",kata tukang becak. "Memang berapa?",jawab ibu tersebut. "lha tadi katanya mau dua ribu?". Maka ibu tersebut dengan tangkas menjawab, "dua ribu itu kalo sampeyan ndak ikut naik". Tukang becak hanya terbengong-bengong.
Maka digituin sama kenek angkutan Yanuar hanya ketawa-ketawa saja. "wah kakekane ha..ha..". Memang bersama Yanuar nggak ada suasana sedih, selalu gembira. Tapi dengan begitu itu Yanuar pernah dimarahi banyak orang pada saat dia jadi korlap demonstrasi SDSB di Balai Kota Solo. Pasalnya pada saat yang orasi sudah nggak ada terjadi kekosongan, maka Yanuar mengajak para demonstran bernyanyi. "Mari kita bernyanyi lagu di sini senang di sana senang". Kontan saja semua teriak-teriak. "hai hai hai kita ini lagi sedih kok nyanyinya di sini senang di sana senang, gimana itu?? Akhirnya lagunya diganti dengan lagunya Iwan Fals.